Selasa, 05 April 2011

Naskah Pidato Bahasa Jawa

NASKAH PIDATO UJIAN PRAKTIK BAHASA JAWA

PAMITAN SISWA-SISWI KELAS IX Ing ADICARA PURNAWIDYA

Disusun Oleh :

Nama : Munirul Ikhwan

Kelas : IX A

NIS : 12131

PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN

DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA

SMP NEGERI 2 KEBUMEN

Jalan Veteran Nomor 7 Kebumen Telepon 381329 Kode Pos 54316

Tahun Pelajaran 2010 / 2011

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak Mukhlasin S.Pd. Minongko sesepuh SMP Negeri kalih Kebumen ingkang tansah kawulo pundi. Poro Bapak soho poro Ibu Guru nenopo dene karyawan karyawati SMP Negeri 2 Kebumen ingkang sinubo ing pakurmatan. Sagunging poro tamu undangan kakung sumawono putri ingkang kawulo hormati, linangkung dumateng poro Bapak, Ibu wali murid kelas songo ingkang tansah kinormatan. Poro konco sedoyo kelas songo menopo dene adik-adik kelas pitu lan wolu ingkang kawulo tresnani.

Langkung rumiyin monggo kawulo derekaken ngaturaken puji lan syukur dumateng Alloh Robbul ‘Alamin Warobbul ‘arsil ‘adim ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo. Kanti nikmat Alloh SWT. Puniko kito sedoyo saged nderekaken acara perpisahan SMP Negeri 2 Kebumen.

Sagunging poro rawuh ingkang tansah kinormatan, keparengo kawulo comantoko ngadeg wonten ngarsanipun poro pilengggah sedoyo, kawulo minongko sesulih konco-konco siswa menopo dene siswi kelas songo SMP Negeri 2 Kebumen tahun 2011. Kawulo sakonco kelas songo ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo upami dumateng sedoyo poro Bapak, Ibu Guru ingkang sampun nggulo wentah kawulo sakonco kanti sae lan sabar, kasunyatan ing wekdal meniko kawulo sakonco sampun saged nyekapaken anggenipun ngudi ‘ilmu wonten ing SMP Negeri 2 Kebumen. Kawulo sakonco mboten saged caos piwales nopo-nopo, dumateng kesaenan Bapak soho Ibu Guru namung saged ndongakaken kanti ucapan Jazakumullohu Ahsanal Jazaa.

Saterasipun kawulo sakonco kelas songo nyuwun pandongo lan pangestu dumateng adik-adik kelas pitu lan wolu, linangkung dumateng Bapak lan Ibu guru, mugi-mugi kawulo sakonco saged nerasaken anggenipun ngudi ilmu, ugi kasembadan menopo ingkang dipun idam-idamaken. Amin Yarobbal ‘Alamin

Makaten ingkang saged kawulo aturaken, mbok bilih anggen kawulo matur kirang nuju prono ugi kirang subo sito, kawulo nyuwun agunging beno pangapunten dumateng poro rawuh samudayanipun.

Wassalamu‘alaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar